apike kekancan



Apike Kekancan
Dening Hasna Chandra Pratiwi

Jago sampun kluruk, ananging srengengene taksih isin njedhul. Ing ngomahe Lastri, keluarganes sampun sami wungu sarta sampun tumandang kuwajibanipun piyambak-piyambak. Lastri lan ibu nindaake subuhan lan sampun nyepaake dodolan pinagka diasta dumateng pasar. Bapakipun Lastri kaliyan rayinipun sampun tumindhak dateng saben.
Wekdal pinuju jam enem. Sampun wekdalipun Lastri nyepakake pakaryan kagem nimba ilmu wonten pasinaon.  Sakyektisipun amargi pemerintah, Lastri saget sinau amargi tiyang sepuhipun piyambak mboten kwawi mbiayai sekolah. Pakaryan  ngomah ditinggalake Lastri sedilit. Piyambakipun  gadhah prinsip “sekolah dhisik lagi mikir liyane” maksudipun Lastri langkung mentingaken sekolah  utawa pendhidikan.
“Bu, kulo nyuwun pangestu badhe nimba ilmu dhumateng sekolah.” Pamitipun Lastri dhumateng Ibu. “sarapan durung nduk? Aja lali sarapan dhisik, mengko lemes lho!” weling Ibune Lastri. “Sampun bu. Kulo nyuwun pamit nggih bu.” Wangsulipun  Lastri kalian jabat asta marang ibu. “yo nduk, ati-ati ya, sinau sing pinter supaya cita-citamu bisa kawujud.” Ngendhikane ibu kaliyan  ngelus rambute Lastri. Sakwise pamit, Lastri tumunten lungo amarga uwis di enteni kaliyan kanca kancane.
Lastri menyang sekolah dibarengi karo kancane kaya si Nana, Sigit, Bayu lan Bima. Lastri lan kancane menyang sekolah ora tau nganggo kendaraan lan mesti mlaku. Sekolahe Lastri sakjane yo lumayan nanging gandheng akeh sing mbarengi dheweke akeh, dheweke ora wedi lan kesel nglakoni kebiasaan mangkat sekolah iki karo kanca kancane.
Tekan sekolah, suasanane wis rame banget amarga wektu wis nunjukke jam setengah pitu. Lastri langsung tumuju nang kelase, sakdurunge pisah karo kanca kancane sing bedha kelas kecuali Bayu lan Nana, Lastri kandha “Sigit, Bima, istirahat kaya biasane ya!”.  Lastri lungguh nang kelas songo utawa kelas telu SMP,
Sanga Dhe kuwi kelas Lastri, Nana lan Bayu. “Na, arep jejer sopo saiki?”takon Lastri sakdurunge mlebu kelas. “rasah ditakoni, wonge jejer karo sopo ri, sing jelas karo uwong sing lagi nang pikiranne rong ndina kepungkur iki.” Si Bayu nyaut dhisik. Nana ming pringas pringis ngerti sing dimaksud. “hehehe, yo uwis yu, aku jejer koe wae. Oke!” Lastri nawani Bayu. “oke ri. Sing lagi kesensem yo ono. Na, ojo lali pelajaran e lho, oke.” Sindir si Bayu utawa nglingke. “oke, komandan Bayu!” jawab Nana karo ngacungke jempole. Let sedilit, bel mebu wis nyuara, pelajaran digawe lancer kaya biasane.
Istirahat, “ri, endi Nana. Kok ora karo kowe?” Bima takon Lastri. “waah, mau dikon ninggal jhe. Arep ngrampungke nyatet dilit.” Jawabe Lastri. Lastri lan kanca kancane wis biasa ngumpul bareng nang kantin kadang ing taman sekolah karo ngawa buku sing dipelajari mau. Tujuanne Lastri lan kanca kancane kumpul ming arep panganggo tukar pikiran utawa sharing pelajaran ingkang during ngerti lan paham. Diantara Lastri lan Kanca kancane sing paling pinter dewe yaiku si Bayu. Uwis 2 tahun wonge mesti melbu peringkat 10 besar lan wis tau melu Olimpiade Sains Fisika matematika tingkat nasional.
Nanging Bayu ora tau umuk marang kanca kancane. Deweke seneng bisa mbiyantu marang kanca kancane ingkang durung paham tentang pelajaran sing dipelajari. “bali sekolah engko arep do ngopo?” takon Bayu sakwise rampung mangsuli kanca kancane sing pada pengen entuk ngilmu seko Bayu. “awan mengko ora ono acara yu.aku karo Nana arep nggarap tugas bareng.podo melu ora?” Lastri wangsulan. “yo, uwis ri. Aku engko arep nang ngomahmu wae, kanca kanca pye nek engko sinau kelompok nang ngomah e Lastri? sing podo selo wae” wangsulane Sigit. “oke.” Jawabe kabeh.
Bali sekolah uwis jam siji awan. Let setengah jam, kanca kancane Lastri uwes pada teka ing ngomahe Lastri. “kulo nuwun.” Bayu lan sigit uwis ing ngarep griyane Lastri. “mangga mangga, Lastri wis nang ruang tamu kae, ndene mlebu le.” Wangsule Ibu lastri karo nyumanggakke melbu Bayu lan Sigit ing jero omah. Sakdurunge mlebu, Bayu lan Sigit jabat asta dhisik kaliyan Ibune Lastri.
“eh, bayu, sigit, ndene lungguh dhisik karo Nana lan yudhi adekku.” Lastri langsung mbukak buku lan nyiapake PRe. “Bima endhi git?” takon Nana. “aku mau ora lewat omahe Bima, na.” wangsule Sigit. Lastri lan kanca kancane ora tau sing jenenge nglalekke kancane dewe. Nek ono sing ra ngetok meski ditakoke. Saking akrabe Lastri lan Kanca kancane, opo wae sing dadi masalah meski dirampungke bareng bareng lan ora tau pisah siji karo liyane. Geguyonan lan akrabe uwis ora bisa dipisahke kaliyan lima sekawan kui. Ora mentingke bandha, rupa, lan pintere, Sing penting kabeh bisa pada nglengkapi siji karo liyane. Kui mau wis dadi prinsip e Lastri lan kanca kancane.











Komentar

Postingan Populer